Saat ini banyak generasi muda yang
meupakan bahasa daerah. Terutama di wilayah Jawa Tengah yang terkenal
dengan bahasa Jawanya yang terdiri dari beberapa tingkatan. Generasi
muda sekarang seolah - olah malu memakai bahasa Jawa dalam berkomunikasi
sehari - hari. Oleh karena itu, peran penting guru, orang tua, serta
lingkungan mutlak diperlukan dalam mengatasi masalah ini. Salah satu
cara paling efektif dalam tetap mempertahankan bahasa jawa adalah dengan
lebih sering menggunakan bahasa Jawa. Diantaranya dengan berlatih
berpidato dengan bahasa Jawa
Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah
ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang
kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur
dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo
nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya
saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas
9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu
Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng
pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kulo lan rencang sebrayat
sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing
adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging
pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso
ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi
gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi
Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang -
rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat
sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten
dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan
rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan
ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening
ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb
Komentar